Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 32:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. Pangandikane Nabi Musa marang wong-wong mau: “Manawa kowe padha arep nglakoni mangkono, padha arep samekta ing perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

21. lan kowe kabeh, sawuse sikep gegaman banjur padha arep nyabrang ing bengawan Yarden ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti tumeka mungsuhe wus padha katundhung dening Panjenengane saka ing ngarsane,

22. satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

23. Balik manawa kowe padha ora nglakoni kaya mangkono, dadi kowe nyata-nyata padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, sarta kowe bakal padha ngrasakake yen dosamu iku masthi bakal nempuh marang kowe.

24. Kang iku iya wus padha gawea kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo wedhusmu, dene apa kang wus kokucapake iku padha lakonana.”

25. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha matur marang Nabi Masa: “Ingkang abdi sami badhe nglampahi punapa ingkang dados dhawuh panjenengan.

26. Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,

27. nanging ingkang abdi sadaya sami badhe nyabrang lan nglurug perang wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, inggih punika sadaya tiyang ingkang sembada ing perang, netepi punapa sadhawuh panjenengan.”

28. Nabi Musa tumuli ngundhangake bab ing ngatase wong-wong mau marang Imam Eleazar lan marang Yusak bin Nun sarta marang para pemimpining golongane talere Israel.

29. Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,

30. nanging manawa padha ora melu kowe nyabrang klawan sikep gegaman, padha kapandumana tanah minangka darbeke ana ing antaramu ana ing tanah Kanaan.”

31. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha mangsuli, ature: “Punapa ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ingkang abdi sadaya, punika badhe sami kula estokaken.

32. Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”

maca bab lengkap Wilangan 32