Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 31:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.

7. Banjur padha nempuh perang nglawan Midian, netepi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, sarta wonge lanang kabeh padha dipateni.

8. Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.

9. Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;

10. dene kutha sawewengkone lan sakehe tarub-tarube padha diobongi.

11. Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.

12. Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.

13. Nabi Musa lan Imam Eleazar sarta sakehe para pemimpine umat banjur padha tindak mapag nganti tekan ing sajabane palereban.

14. Nabi Musa tumuli duka banget marang para panggedhening wadyabala, para panewu lan panatus kang padha mulih saka ing paprangan;

15. pangandikane Nabi Musa marang wong-wong iku: “Apa wonge wadon padha kokuripi kabeh?

16. Lah, rak iya para wong wadon iku ta, kang marga saka pirembuge Bileam, padha njalari wong Israel nganti padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah krana saka Peor, temah umate Sang Yehuwah banjur ketiban wewelak.

maca bab lengkap Wilangan 31