Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 31:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira nandukna pamalese wong Israel marang wong Midian; sawuse mangkono sira bakal kaklumpukake karo leluhurira.”

3. Nabi Musa banjur dhawuh marang bangsa iku, pangandikane: “Wong panunggalanmu sawatara padha cecawisa ing perang, nglurugi Midian, padha nandukna pamalese Sang Yehuwah marang Midian iku.

4. Saka sakehe talere Israel, saben taler wong sewu padha lurugna perang.”

5. Tumuli saben taler nyawisake wong sewu, dadi kabeh rolas ewu kang padha arep nglurug perang.

6. Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.

7. Banjur padha nempuh perang nglawan Midian, netepi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, sarta wonge lanang kabeh padha dipateni.

8. Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.

9. Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;

10. dene kutha sawewengkone lan sakehe tarub-tarube padha diobongi.

11. Sakehe rayahan lan bandhangan rupa manungsa lan kewan mau padha digawani.

maca bab lengkap Wilangan 31