Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 30:2-8 Kitab Sutji (JAV)

2. Manawa ana wong lanang nglairake punagi utawa nglairake sumpah marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara, mulane aja nganti nerak janjine; apa kang wus diucapake iku kudu ditetepi.

3. Balik manawa wong wadon kang nglairake punagi marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara ana ing omahe bapakne, yaiku sajrone isih prawan.

4. Mangka bapakne mau krungu punagine lan janjine, nanging bapakne mau ora kandha apa-apa marang anake mau; manawa mangkono apa sapunagine kabeh mesthi tetep lan apa bae kang dadi janjine iya mesthi tetep.

5. Nanging saupama bapakne nalika krungu bab iku nuli ngelikake, dadi apa sapunagine lan apa kang dadi kasaguhane iku ora kanggo, sarta bakal diapura dening Pangeran Yehuwah, marga wus dielikake dening bapakne.

6. Nanging manawa wong wadon mau omah-omah, mangka isih duwe punagi utawa salah sawijining janji kang diucapake klawan tanpa dipikir lan kang nencang marang wong iku,

7. lan somahe iya krungu bab iku, mangka meneng bae nalika krungu mau, dadi punagine mesthi tetep lan kasaguhane kang nencang iku iya tetep.

8. Nanging saupama somahe nalika krungu bab iku tumuli ngelikake, iku mbatalake punagi lan janji kang diucapake dening kang wadon klawan tanpa dipikir mau, lan kang nencang bojone iku, dene Pangeran Yehuwah bakal paring pangapura marang bojone.

maca bab lengkap Wilangan 30