Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 29:30-40 Kitab Sutji (JAV)

30. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

31. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

32. Ing dina kang kaping pitu: sapi lanang nom pitu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

33. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

34. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

35. Ing dina kang kaping wolu sira nganakna pasamuwan gedhe, sira aja nindakake pagawean kang abot.

36. Ing wektu iku sira padha saosa kurban obaran, kurban genenan, kang gandane gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang tanpa cacad kang umur sataun pitu.

37. Karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapine lanang, kanggo wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

38. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

39. Iku mau kabeh kang kudu padha sira olah kagem Pangeran Yehuwah ing dina-dina riyayanira, minangka kurban-kurbanira obaran, kurban-kurbanira dhaharan, kurban-kurbanira unjukan lan kurban-kurbanira kaslametan lan kurban-kurbanira manasuka.”

40. Nabi Musa tumuli mituturi marang wong Israel miturut apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kabeh marang Nabi Musa.

maca bab lengkap Wilangan 29