Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 29:28-38 Kitab Sutji (JAV)

28. lan wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurban dhaharan lan kurbane unjukan.

29. Ing dina kang kaping nem: sapi lanang nom wolu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

30. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

31. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

32. Ing dina kang kaping pitu: sapi lanang nom pitu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

33. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

34. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

35. Ing dina kang kaping wolu sira nganakna pasamuwan gedhe, sira aja nindakake pagawean kang abot.

36. Ing wektu iku sira padha saosa kurban obaran, kurban genenan, kang gandane gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang tanpa cacad kang umur sataun pitu.

37. Karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapine lanang, kanggo wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

38. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

maca bab lengkap Wilangan 29