Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 29:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.

2. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang siji sarta wedhus gibas kang tanpa cacad umur sataun pitu;

3. karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan, kaolah kalawan lenga, kehe telung prasapuluh efa kanggo sapi lanang mau, lan rong prasapuluh efa kanggo wedhuse gembel lanang,

4. dene wedhuse kang pitu iku kanggo siji-sijine saprasapuluh efa.

5. Apamaneh wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira,

6. kajaba kurban obaran saben tanggal sapisan lan kurban dhaharan, apadene kurban obaran ajegan sarta kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut pranatane, minangka ganda kang gawe renaning panggalih, kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah.

7. Ing sasi kapitu mau tanggal sapuluh sira padha nganakna pasamuwan suci lan padha ngesorna awak kalawan pasa; aja nglakoni sadhengah pagawean.

8. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe rena konjuk marang Yehuwah, arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang umur sataun pitu, kabeh mau kang tanpa cacad;

9. karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, kanggo sapine telung prasapuluh efa, kanggo wedhuse gibas lanang rong prasapuluh efa,

10. lan kanggo wedhuse kang pitu iku siji-sijine saprasapuluh efa.

11. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Iku kajaba kurban pangruwating dosa kang kanggo nganakake pirukun, lan kurban obaran ajegan karo kurban dhaharan apadene kurban unjukan.

12. Ing tanggal limalas sasi kapitu iku sira padha nganakna pasamuwan suci; sira aja nindakake pagawean kang abot; sira padha nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah, lawase pitung dina.

maca bab lengkap Wilangan 29