Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 27:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Saupama iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane padha kawenehna marang sadulure lanang bapakne.

11. Lan saupama bapakne iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang sanake kang kaprenah cedhak dhewe saka antaraning golongane, supaya dadia duweke.”Mangkono iku kang kudu dadi wewatoning bebeneran kanggo marang wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.

12. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung Abarim iki, nuli nyawanga marang tanah bakal peparingingSun marang wong Israel.

13. Dene sawuse sira sawang, banjur sira iya bakal kaklumpukake karo para leluhurira padha kaya kakangira Harun anggone wus kaklumpukake biyen.

14. Mulane mangkono awit nalika ana ing pasamunan Zin, wong-wong padha nglawan, sira sakloron padha mbangkang marang dhawuhingSun, supaya padha ngatonake kasuceningSun ana ing ngarepe wong-wong iku srana ngolehake banyu.” Iya iku sumber Meriba ing sacedhake Kadesy ing pasamunan Zin.

15. Nabi Musa tumuli munjuk marang Sang Yehuwah:

16. “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang nguwaosi rohing sadaya tumitah, mugi karsaa ngangkat satunggaling tiyang,

17. ingkang ngirid lampahipun samangsa medal lan lumebet, saha ngirid lampahipun samangsa kesah lan dhateng, satemah pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah punika boten ngantos kados menda ingkang tanpa pangen.”

18. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira,

19. sarta kaadegna ana ing ngarepe Imam Eleazar lan ing ngarepe sapepake pasamuwan, banjur sira kandhanana kawajibane, kalawan kaseksen ing wong saumat kabeh;

20. apadene sira wenehana kawibawanira saperangan, supaya disuyudi dening sapasamuwane wong Israel kabeh.

21. Yusak iku ngadega ana ing ngarepe Imam Eleazar, dene Eleazar iku negesa marang putusaning Urim tumrap dheweke ana ing ngarsaning Yehuwah. Wong-wong anggone padha metu marga saka dhawuhe lan marga saka dhawuhe uga anggone lumebu, dheweke dalah sakehe wong Israel, iya sapepake umat iku kabeh.”

maca bab lengkap Wilangan 27