Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 26:51-65 Kitab Sutji (JAV)

51. Wong Israel kang padha kacacahake iku mau gunggunge kabeh ana: nem atus siji ewu pitung atus telung puluh.

52. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

53. “Taler-taler iku padha kawenehana panduman tanah miturut jeneng-jeneng kang kacathetan, dadia pusakane.

54. Kang akeh cacahe kaparingana panduman tanah pusaka kang akeh, lan kang sathithik kaparingana panduman tanah pusaka sathithik; saben taler padha kapandumana dhewe-dhewe miturut jeneng-jeneng kang kacathetan.

55. Ewasamono pangedume tanah iku kudu srana kaundhi; anggone padha tampa panduman mituruta jenenging talere leluhure.

56. Panduman duweke siji-sijining taler mesthi undha-usuk kehsathithike lan mituruta ing satibane undhi.”

57. Anadene bani Lewi kang kacacahake miturut golongane iku mangkene: kang saka Rama Gerson iku bani Gerson; kang saka Rama Kehat iku bani Kehat; kang saka Rama Merari iku bani Merari.

58. Iki golongane turune Rama Lewi: golongane bani Kehat, golongane bani Libni, golongane bani Hebron, golongane bani Makhli, golongane bani Musi lan golongane bani Korakh. Anadene Rama Kehat peputra Amram.

59. Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.

60. Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.

61. Nanging Imam Nadab lan Abihu iku seda nalika padha ngunjukake geni kang dudu mesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

62. Anadene wonge kang padha kacacahake iku ana telu likur ewu, yaiku sakehe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur; marga anggone kacacahake ora bebarengan karo wong Israel liyane, awit padha ora kapanduman tanah pusaka ana ing antarane wong Israel.

63. Iku mau pratelane kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Eleazar nalika padha ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden, sacedhake kutha Yerikho.

64. Anadene panunggalane iku ora ana siji bae kang biyen wus kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Harun nalika padha ana ing pasamunan Sinai.

65. Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.

maca bab lengkap Wilangan 26