Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 25:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Bareng Pinehas bin Eleazar putrane Imam Harun weruh lelakon iku, sanalika banjur ngadeg saka ing satengahe pakumpulan karo nyekel tumbak,

8. nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.

9. Anadene mungguh wong kang wus padha mati kena ing wewelak iku cacahe ana patlikur ewu.

10. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

11. “Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.

12. Mulane kabeh padha sira kandhanana: Lah Pinehas iku Sunparingi prajanjian kaslametan kagunganingSun,

13. minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”

14. Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,

maca bab lengkap Wilangan 25