Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 25:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika bangsa Israel lagi padha lereb ana ing Sitim, bangsa iku banjur wiwit laku jina karo para wong wadon Moab.

2. Wong wadon mau padha ngajak wong Israel ngepung kurban sembelehan kanggo allahe, bangsa mau banjur melu mangan kurban iku lan sujud marang allahe wong-wong iku.

3. Nalika Israel gegandhengan karo Baal-Peor, bebendune Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang Israel.

4. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”

5. Nabi Musa banjur ngandika marang para hakim Israel: “Kowe padha matenana wong-wongmu kang wus gegandhengan karo Baal-Peor.”

6. Kapinujon ana sawijining wong Israel kang teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang satengahe para sadulure, kapirsanan dening Nabi Musa lan kaweruhan dening sagolongane wong Israel kabeh kang lagi padha nangis ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

7. Bareng Pinehas bin Eleazar putrane Imam Harun weruh lelakon iku, sanalika banjur ngadeg saka ing satengahe pakumpulan karo nyekel tumbak,

8. nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.

9. Anadene mungguh wong kang wus padha mati kena ing wewelak iku cacahe ana patlikur ewu.

10. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

11. “Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.

12. Mulane kabeh padha sira kandhanana: Lah Pinehas iku Sunparingi prajanjian kaslametan kagunganingSun,

maca bab lengkap Wilangan 25