Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 22:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. mulane wong Moab padha kataman giris marang bangsa iku, marga cacahe akeh, satemah geter lan wedi marga saka wong Israel iku.

4. Kang iku wong Moab banjur padha calathu karo tuwa-tuwane bangsa Midian: “Wadya-bala ingkang kathahipun samanten punika temtu badhe ngrayud samukawis ing saubeng kula sadaya, kadosdene lembu anggenipun nyenggut tetuwuhan ijem ing ara-ara.” Anadene ing nalika iku Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor jumeneng ratu ing Moab.

5. Sang Nata tumuli utusan nimbali Bileam bin Beor menyang ing Petor kang ana ing sapinggire bengawan Efrat, menyang ing nagarane para mitrane tunggal bangsa, piwelinge mangkene: “Lah ana sawijining bangsa kang teka saka ing Mesir kang nganti nglimputi salumahe bumi; iku lagi lereb ana ing ngarepku.

6. Kang iku kowe mrenea, bangsa iku ipat-ipatana; marga kekuwatane ngluwihi kekuwatanku; bokmanawa nuli bisa dakkalahake lan daktundhung saka ing nagara kene, marga aku sumurup: sapa sing kokberkahi masthi oleh berkah, lan sapa sing kokipat-ipati iku kena ing ipat-ipat.”

7. Para tuwa-tuwane bangsa Moab karo tuwa-tuwane bangsa Midian tumuli padha mangkat klawan nggawa opahane panenungan. Satekane ing panggonane Bileam, banjur padha nglairake piwelinge Sang Prabu Balak.

8. Pangucape Bileam marang wong-wong mau: “Panjenengan sami kula aturi nyare ing ngriki sedalu punika, nunten badhe kula caosi wangsulan kados ingkang dados dhawuhipun Pangeran Yehuwah dhateng kula.” Para panggedhene bangsa Moab tumuli padha nginep ana ing omahe Bileam.

maca bab lengkap Wilangan 22