Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 22:14-33 Kitab Sutji (JAV)

14. Para panggedhe Moab mau banjur padha bali, lan bareng wus ana ing ngarsane Sang Prabu Balak, padha munjuk: “Bileam boten purun tumut lampah kawula mriki.”

15. Sang Prabu Balak banjur utusan para panggedhe maneh, cacahe luwih akeh lan luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kang dhisik.

16. Iku satekane ing ngarepe Bileam tumuli padha matur: “Pangandikanipun Sang Prabu Balak putranipun Sang Zipor makaten: Aja ana kang ngalang-alangi anggonmu nekani aku,

17. awitdene kowe mesthi bakal dakganjar luwih dening akeh, karodene apa bae kang bakal dadi panyuwunmu marang aku, mesthi bakal dakleksanani. Kang iku kowe mrenea ta, ipat-ipatana bangsa iku.”

18. Nanging Bileam mangsuli marang para utusane Sang Prabu Balak: “Sanadyan Sang Prabu Balak maringna salaka lan mas sakadhatonipun kebak, ewadene kula boten saged nindakaken punapa-punapa, ingkang sapele punapa ingkang wigatos, ingkang nerak dhawuh timbalanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula.

19. Milanipun panjenengan sami kula aturi nyare ing ngriki sadalu punika, supados kula sageda nyumerepi, punapa kemawon ingkang badhe dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah dhateng kula.”

20. Gusti Allah tumuli ngrawuhi Bileam ing wayah bengi, sarta mangandikani: “Manawa tekane wong iku pancen padha ngundang sira, sira ngadega, melua ing salakune; ewasamono kang sira lakoni, mung kang bakal Sundhawuhake marang sira.”

21. Bareng wayah esuk Bileam tangi, nuli ngabah-abahi kuldine wadon, banjur mangkat melu para panggedhene wong Moab mau.

22. Ing kono bebendune Gusti Allah mulad-mulad, marga Bileam lunga, tumuli dicegati dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang nglawan marang dheweke. Dene Bileam lagi nunggang kuldine wadon sarta kairingake dening bature loro.

23. Nalika kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing tengah dalan klawan ngasta pedhang ligan, kuldine mau nuli sumingkir saka ing dalan lan lumebu ing pategalan. Bileam banjur nyabeti supaya bali menyang dalan maneh.

24. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli mapan jumeneng ana ing dalan kang ciyut ing antarane pakebonan anggur kang kaapit-apit ing pager tembok.

25. Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur mepet ing pager tembok, temah sikile Bileam nganti kejepit ing tembok, mulane kuldine digitiki maneh.

26. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli mundur maneh, mapan ing panggonan kang ciyut banget, nganti ora ana papan sela kanggo nyimpang ngiwa utawa nengen.

27. Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur ndheprok isih katunggangan dening Bileam. Bileam nepsu banget, nganti kuldine digebugi klawan tekene.

28. Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?”

29. Calathune Bileam marang kuldine: “Marga aku kokgawe geguyon, saupama aku nyekela pedhang, masthi kowe dakpateni saiki uga.”

30. Pangucape kuldi marang Bileam: “Kula punika rak kuldi titihan panjenengan ing salaminipun sugeng panjenengan ngantos dumugi sapunika; punapa kula nate nandukaken ingkang makaten punika dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Ora.”

31. Pangeran Yehuwah banjur damel awasing pandelenge Bileam, temah weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing dalan klawan ngasta pedhang ligan. Bileam tumuli jengkeng sujud ana ing ngarsane.

32. Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.

33. Nalika kuldi iki ndeleng Ingsun, nyimpang saka ing ngarsaningSun nganti rambah ping telu; yen ajaa nyimpang saka ing ngarsaningSun, masthi ing nalika iku uga sira kang Sunpateni, lan kuldinira Sunuripi.”

maca bab lengkap Wilangan 22