Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 22:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”

13. Bareng wayah esuk Bileam tangi, lan nuli calathu marang para panggedhene abdine Sang Prabu Balak: “Panjenengan sami kula aturi wangsul, awit Pangeran Yehuwah boten marengaken kula ndherek panjenengan.”

14. Para panggedhe Moab mau banjur padha bali, lan bareng wus ana ing ngarsane Sang Prabu Balak, padha munjuk: “Bileam boten purun tumut lampah kawula mriki.”

15. Sang Prabu Balak banjur utusan para panggedhe maneh, cacahe luwih akeh lan luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kang dhisik.

16. Iku satekane ing ngarepe Bileam tumuli padha matur: “Pangandikanipun Sang Prabu Balak putranipun Sang Zipor makaten: Aja ana kang ngalang-alangi anggonmu nekani aku,

17. awitdene kowe mesthi bakal dakganjar luwih dening akeh, karodene apa bae kang bakal dadi panyuwunmu marang aku, mesthi bakal dakleksanani. Kang iku kowe mrenea ta, ipat-ipatana bangsa iku.”

18. Nanging Bileam mangsuli marang para utusane Sang Prabu Balak: “Sanadyan Sang Prabu Balak maringna salaka lan mas sakadhatonipun kebak, ewadene kula boten saged nindakaken punapa-punapa, ingkang sapele punapa ingkang wigatos, ingkang nerak dhawuh timbalanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula.

19. Milanipun panjenengan sami kula aturi nyare ing ngriki sadalu punika, supados kula sageda nyumerepi, punapa kemawon ingkang badhe dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah dhateng kula.”

maca bab lengkap Wilangan 22