Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 21:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Wong Israel banjur nglairake punagi marang Sang Yehuwah, unjuke: “Manawi bangsa punika sadaya Paduka ulungaken dhateng tangan kawula, kitha-kithanipun badhe sami kawula gempur dados jugrugan.”

3. Pangeran Yehuwah nyembadani marang panyuwune Israel, wong Kanaan kelakon diulungake; wong-wonge dalah kutha-kuthane padha kasirnakake. Mulane panggonan iku dijenengake Horma.

4. Sawuse mangkono banjur padha budhal saka ing gunung Hor, metu ing dalan penere sagara Teberau, arep ngubengi tanah Edom; ana ing dalan bangsa mau wus ora bisa sabar maneh,

5. banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”

6. Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.

7. Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”

maca bab lengkap Wilangan 21