Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 19:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene:

2. “Iki pranatan angger-angger kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kalawan pangandikane: Sira ndhawuhana wong Israel, supaya padha ngladekna marang sira sapi wadon nom abang kang tanpa ciri ala, kang ora ana cacade lan kang durung tau dietrapi pasangan.

3. Iku sira tampakna marang Imam Eleazar, banjur digawaa metu menyang ing sajabane palereban, lan kasembeleha ana ing ngarepe imam.

4. Sawuse iku Imam Eleazar ndulita getihe sapi iku sathithik, banjur dikepyurna sathithik ing ngarepe Tarub Pasewakan nganti rambah kaping pitu.

5. Sawuse mangkono sapine tumuli kaobonga nganti entek ana ing sangareping imam; kulite, daginge lan getihe dalah tlethonge pisan, uga kaobonga nganti entek.

6. Imam tumuli njupuka kayu eres, hisop lan kain jingga, kacemplungna ing satengahe geni kang ngobong sapi mau.

7. Sawuse mangkono imam tumuli ngumbaha sandhangane lan adusa, nuli lumebua ing palereban, sarta imam iku dadi najis tumeka suruping srengenge.

8. Wong kang ngobong sapi mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta banjur dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

9. Awune sapi mau dikukupana dening salah sijine wong kang ora najis, lan diselehna ing panggonan kang ora najis ing sajabane palereban; kabeh iku kasimpena kanggo umat Israel, kanggo gawe banyu pambirating najis, iku dadi pangruwating dosa.

10. Wong kang nglumpukake awune sapi mau iya ngumbaha sandhangane lan dadi najis nganti tumeka suruping srengenge. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong Israel lan wong bangsa liya kang manggon ana ing tengahira.

11. Sing sapa nggepok jisim, iku dadi najis lawase pitung dina.

maca bab lengkap Wilangan 19