Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 12:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.

2. Pangucape Ibu Miryam lan Imam Harun: “Apa Pangeran Yehuwah iku anggone maringake pangandika mung lumantar Musa bae, apa ora iya lumantar kita uga?” Mangka kang mangkono mau kapiyarsa dening Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Wilangan 12