Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 10:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Manawa sira ngunekake tengara, para wadya-bala kang manggon ing sisih wetan iku padha budhala,

6. manawa sira padha ngunekake tengara kaping pindhone, umat kang manggon ing sisih kidul iku padha budhala; manawa budhal padha nganggoa tengara ngganter.

7. Balik manawa nglumpukake pasamuwan, sira iya ngunekna kalasangka, mung ora ngganter.

8. Kang padha ngunekake kalasangka iku para imam anake Harun; lan iku dadi pranatan langgeng marang turun-turunira.

9. Karodene samangsa sira ana ing tanahira padha nglurug perang nglawan mungsuh kang gawe ribedira, sira iya aweha tengara nganggo kalasangka, temah sira bakal padha diengeti ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira, sarta padha kaluwaran saka ing mungsuhira.

10. Mangkono maneh ing dina kabungahanira, lan ing dina riyayanira apadene ing sasi anyar, sira iya ngunekna kalasangka mbarengi enggonira nyaosake kurban obaran lan kurban slametan; temah bakal padha dadi pangeling-eling ana ing pangayunane Allahira. Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

11. Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.

12. Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.

13. Iku lakune kang wiwitan miturut dhawuhe Sang Yehuwah lantaran Nabi Musa.

14. Kang lumaku ana ing ngarep dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Yehuda miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Nahason bin Aminadab,

15. kang mimpin golongan talere bani Isakhar iku: Netaneel bin Zuar;

16. lan kang mimpin golongan talere bani Zebulon iku: Eliab bin Helon.

17. Sawuse mangkono Tarub Suci tumuli dibongkar, sarta para bani Gerson lan bani Merari banjur padha budhal ngusung Tarub Suci mau.

maca bab lengkap Wilangan 10