Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 10:10-26 Kitab Sutji (JAV)

10. Mangkono maneh ing dina kabungahanira, lan ing dina riyayanira apadene ing sasi anyar, sira iya ngunekna kalasangka mbarengi enggonira nyaosake kurban obaran lan kurban slametan; temah bakal padha dadi pangeling-eling ana ing pangayunane Allahira. Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

11. Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.

12. Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.

13. Iku lakune kang wiwitan miturut dhawuhe Sang Yehuwah lantaran Nabi Musa.

14. Kang lumaku ana ing ngarep dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Yehuda miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Nahason bin Aminadab,

15. kang mimpin golongan talere bani Isakhar iku: Netaneel bin Zuar;

16. lan kang mimpin golongan talere bani Zebulon iku: Eliab bin Helon.

17. Sawuse mangkono Tarub Suci tumuli dibongkar, sarta para bani Gerson lan bani Merari banjur padha budhal ngusung Tarub Suci mau.

18. Iku nuli kasambungan golongan kang ngaub marang panji-panjine Ruben miturut bagean-bageane; kang mimpin golongan iku: Elizur bin Syedeur;

19. dene kang mimpin golongan talere bani Simeon iku: Selumiel bin Zurisyadai;

20. lan kang mimpin golongan talere bani Gad iku: Elyasaf bin Rehuel.

21. Iku banjur kasambung para bani Kehat, kang ngusung piranti pasucen; sadurunge iku padha teka, Tarub Suci wus diedegake.

22. Nuli kang sumambung maneh golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Efraim miturut bagean-bageane;

23. kang mimpin golongan iku: Elisama bin Amihud; dene kang mimpin golongan talere bani Manasye iku: Gamaliel bin Pedazur;

24. lan kang mimpin golongan talere bani Benyamin iku: Abidan bin Gideoni.

25. Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,

26. dene kang mimpin golongan talere bani Asyer iku: Pagiel bin Okhran;

maca bab lengkap Wilangan 10