Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 10:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2. “Sira gawea kalasangka selaka loro; kang digawe selaka gemblengan, iku padha dianggoa nglumpukake umat Israel lan kanggo mbudhalake wadya-bala.

3. Samangsa kalasangka loro iku diunekake, wong sapasamuwan kabeh padha nglumpuka seba marang sira ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

4. Nanging manawa mung siji kang diunekake, iku kang kudu seba marang sira para pemimpin, para panggedhening wadya-bala Israel.

5. Manawa sira ngunekake tengara, para wadya-bala kang manggon ing sisih wetan iku padha budhala,

6. manawa sira padha ngunekake tengara kaping pindhone, umat kang manggon ing sisih kidul iku padha budhala; manawa budhal padha nganggoa tengara ngganter.

7. Balik manawa nglumpukake pasamuwan, sira iya ngunekna kalasangka, mung ora ngganter.

8. Kang padha ngunekake kalasangka iku para imam anake Harun; lan iku dadi pranatan langgeng marang turun-turunira.

9. Karodene samangsa sira ana ing tanahira padha nglurug perang nglawan mungsuh kang gawe ribedira, sira iya aweha tengara nganggo kalasangka, temah sira bakal padha diengeti ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira, sarta padha kaluwaran saka ing mungsuhira.

10. Mangkono maneh ing dina kabungahanira, lan ing dina riyayanira apadene ing sasi anyar, sira iya ngunekna kalasangka mbarengi enggonira nyaosake kurban obaran lan kurban slametan; temah bakal padha dadi pangeling-eling ana ing pangayunane Allahira. Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

11. Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.

12. Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.

13. Iku lakune kang wiwitan miturut dhawuhe Sang Yehuwah lantaran Nabi Musa.

maca bab lengkap Wilangan 10