Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 3:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Lah Boas kang kaprenah sanak karo kita, kang bature wadon padha kokkancani, iku kabeneran mengko bengi napeni sair ana ing panuton;

3. mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.

4. Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”

5. Ature Rut marang Naomi: “Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sadaya.”

6. Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.

7. Bareng Boas wus rampung anggone dhahar lan ngunjuk sarta panggalihe rena, tumuli mapan sare ana ing pojokane tumpukan sair. Rut banjur alon-alon lumebu, ngungkabi singebing sampeyane Boas sarta teturon ana ing kono.

8. Bareng ing wayah tengah wengi Boas wungu kalawan kejot, nuli nggrayangi ing sakiwa tengene, lah kok ana wong wadon teturon ing sandhing sampeyane.

9. Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”

10. Pangucape Boas: “He anakku engger! Kowe binerkahana dening Sang Yehuwah. Katresnanmu kang saiki iki ngluwihi kang dhisik, amarga kang koktutburi dudu wong nom-noman kang miskin utawa kang sugih.

11. Lah saikine, anakku engger, aja sumelang atimu; kabeh kang kokaturake iku bakal daktindakake tumrap ing kowe; amarga saben wong ing kutha kene ngreti, manawa kowe iku wong wadon kang becik.

maca bab lengkap Rut 3