Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 3 Kitab Sutji (JAV)

Rut lan Boas ana ing panuton

3:1-18

1. Rut banjur dikandhani dening Naomi maratuwane: “He anakku engger, apa ora prayoga aku nggolekake pangayoman kowe, murih kabegjanmu?

2. Lah Boas kang kaprenah sanak karo kita, kang bature wadon padha kokkancani, iku kabeneran mengko bengi napeni sair ana ing panuton;

3. mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.

4. Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”

5. Ature Rut marang Naomi: “Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sadaya.”

6. Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.

7. Bareng Boas wus rampung anggone dhahar lan ngunjuk sarta panggalihe rena, tumuli mapan sare ana ing pojokane tumpukan sair. Rut banjur alon-alon lumebu, ngungkabi singebing sampeyane Boas sarta teturon ana ing kono.

8. Bareng ing wayah tengah wengi Boas wungu kalawan kejot, nuli nggrayangi ing sakiwa tengene, lah kok ana wong wadon teturon ing sandhing sampeyane.

9. Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”

10. Pangucape Boas: “He anakku engger! Kowe binerkahana dening Sang Yehuwah. Katresnanmu kang saiki iki ngluwihi kang dhisik, amarga kang koktutburi dudu wong nom-noman kang miskin utawa kang sugih.

11. Lah saikine, anakku engger, aja sumelang atimu; kabeh kang kokaturake iku bakal daktindakake tumrap ing kowe; amarga saben wong ing kutha kene ngreti, manawa kowe iku wong wadon kang becik.

12. Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.

13. Wis nginepa ana ing kene ing sawengi iki, dene sesuk manawa dheweke gelem debus, iya prayoga kareben nebus, nanging yen ora seneng nebus awakmu, aku kang bakal nebus kowe, demi Sang Yehuwah agesang. Wis turua bae nganti tumeka ing wayah esuk.”

14. Rut banjur mapan turu ana ing sandhinge sikile Boas nganti tumeka ing wayah esuk; tangine ing wayah sadurunge wong bisa cetha ndeleng marang wong liyane, awit pangucape Boas: “Aja nganti kaweruhan, yen ana wong wadon teka ing panuton.”

15. Karo maneh pangandikane: “Slendhang kang kokanggo iku tadhahna!” Tumuli ditadhahake, Boas banjur naker sair nem taker, diesokake ing slendhang mau. Sawuse iku Boas banjur menyang kutha.

16. Satekane ing omahe maratuwane Rut ditakoni: “Kapriye, he anakku engger?” Rut tumuli nyaritakake marang maratuwane apa sapanggawene wong iku marang dheweke,

17. sarta maneh ature: “Sair nem taker punika dipun paringaken dhateng kula, awit pangandikanipun: Aja nganti legeh anggonmu ngulihi maratuwamu.”

18. Calathune maratuwane: “Wis entenana bae, anakku engger, nganti tumekane kowe ngreti kapriye wusanane prakara iku, amarga wong iku mesthi bakal ora leren-leren, yen durung ngrampungake prakara iku ing dina iki.”