Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 2:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Malah kang tekeman terkadhang iya unusen sawetara, runtuhna, banjur tinggalen, kareben dikukupi, aja kokkasari.”

17. Pangasage Rut ana ing pategalan kono nganti tumeka ing wayah sore, dene asagane bareng diirigi oleh sair watara saefa.

18. Iku banjur dikukup sarta lumebu ing kutha. Bareng asagane dituduhake marang maratuwane, apadene sisane anggone mangan diwetokake lan diwenehake marang dheweke,

19. banjur ditakoni dening maratuwane: “Ana ing ngendi anggonmu ngasag sadina iki lan anggonmu nyambut-gawe ana ing ngendi? Kaberkahana wong kang nggatekake kowe iku.” Rut banjur nyritakake marang maratuwane anggone nyambut-gawe iku ana ing panggonane sapa, pangucape: “Ingkang kula dhereki nyambut-damel ing dinten punika asmanipun Boas.”

20. Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”

21. Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”

22. Pangucape Naomi marang Rut, mantune: “Prayogane, anakku engger, lungamu bareng karo batur-bature wadon, aja nganti kowe digodha dening wong ing pategalan kono.”

23. Kaya mangkono Rut ora pisah-pisah karo batur-bature wadon Boas anggone ngasag-asag, nganti tumeka salebaring panen sair lan gandum, lan sasuwene iku dheweke manggon nunggal karo maratuwane.

maca bab lengkap Rut 2