Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 1:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. wontena pundi kemawon anggen panjenengan seda, kula inggih badhe ndherek pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggen kula kakubur. Pangeran Yehuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.”

18. Bareng Naomi weruh yen wis kenceng niyate Rut nedya arep melu, banjur kandheg anggone ngandhani.

19. Lan sakarone nuli padha mbanjurake lakune nganti tekan ing Betlehem. Bareng padha lumebu ing Betlehem, wong sakutha kabeh padha gumeder rame marga saka wong loro iku lan para wong wadon padha ngucap: “Apa iku Naomi?”

20. Nanging calathune Naomi marang wong-wong mau: “aku bok aja kokarani Naomi, aranana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.

21. Lungaku kalawan mubra-mubru, nanging baliku wus didamel legeh dening Sang Yehuwah. Yagene aku kokarani Naomi, dene Sang Yehuwah wus dadi seksi nglawan aku lan kang Mahakuwasa wus ndhatengake cilaka marang aku.”

22. Kaya mangkono ulihe Naomi karo Rut wong Moab, mantune, kang melu bali saka ing tanah Moab. Lan tekane ig Betlehem pinuju ing mangsa wiwitane panen sair.

maca bab lengkap Rut 1