Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 1:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, wis padha mangkata, aku rak wis ketuwan kanggo omah-omah. Saupama aku mosika: aku isih duwe pangarep-arep, malah sanadyan mengko bengi aku duwe bojo,

13. lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”

14. Mantune tumuli padha nangis maneh kalawan swara sora, Orpa banjur ngambung maratuwane lan pamitan, nanging Rut kang isih nggondheli dheweke.

15. Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”

16. Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;

17. wontena pundi kemawon anggen panjenengan seda, kula inggih badhe ndherek pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggen kula kakubur. Pangeran Yehuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.”

maca bab lengkap Rut 1