Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 9:6-23 Kitab Sutji (JAV)

6. Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.

7. Anadene sira iku padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, ngambra-ambraa lan mundhak-mundhaka ana ing bumi.”

8. Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Rama Nuh lan marang para putrane pisan, mangkene:

9. “Lah Ingsun damel prasetyaningSun karo sira lan karo turunira ing sapungkurira,

10. apadene karo sadhengah makhluk urip kang melu sira ana ing prau, iya bangsaning manuk, kewan ingon-ingon tuwin kabeh kewan alasan ing bumi kang melu sira, kang wus padha metu saka ing prau, iya sarupane sato-kewan ing bumi.

11. Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”

12. Gusti Allah banjur nyambeti pangandika: “Iki pratandhane prasetya kang Sundamel ing antaraningSun lan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang melu sira, nganti turun-tumurun kanggo ing salawase.

13. KluwungingSun Sunpapanake ana ing mendhung, iku kang minangka tandhaning prasetyaningSun lan bumi.

14. Manawa ing tembe Ingsun ngumpulake mendhung ana ing sadhuwure bumi, lan kluwung mau banjur katon ana ing mendhung,

15. ing kono Ingsun mesthi bakal enget marang prasetyaningSun kang ana ing antarane Ingsun kalawan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang kadunungan nyawa, temah banyu ora bakal dadi banjir gedhe maneh, kang nyirnakake kabeh kang urip.

16. Samangsa kluwung katon ana ing mendhung, iku bakal Sunpirsani satemah Ingsun banjur enget ing prasetyaningSun kang langgeng ing antaraning Allah lan kabeh makhluk kang urip, kabeh makhluk kang ana ing bumi.”

17. Tumuli Gusti Allah ngandika maneh marang Rama Nuh: “Yaiki pratandhaning prasetyan ing antrane Ingsun lan sarupane makhluk kang ana ing bumi.”

18. Para putrane Rama Nuh kang padha metu saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. Dene Kham iku bapakne Kanaan.

19. Telu iku mau padha putrane Rama Nuh, lan marga saka anane wong telu mau sajagad kabeh kaisenan ing wong.

20. Rama Nuh miwiti tetanen lan damel pakebonan anggur,

21. nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarube.

22. Bareng Kham, bapakne Kanaan, weruh kang ramane lukar, banjur nyaritakake bab iku marang sadulure karo pisan ana ing jaba.

23. Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 9