Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 7:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. iku kabeh dalah sakehe sato-kewan warna-warna, kewan ingon-ingon warna-warna, tuwin sakehe kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang ana ing bumi warna-warna, lan sawernane manuk yaiku kabeh kang mawa elar lan suwiwi.

15. Kabeh kang urip lan duwe nyawa mau padha nekani Rama Nuh lumebu ing prau nyajodho.

16. Kang padha nekani iku lanang lan wadon saka sarupaning makhluk kang urip, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang Rama Nuh. Lan sawuse mangkono lawange prau diinebake dening Sang Yehuwah ana ing saburine Rama Nuh.

17. Anadene banjir gedhe mau anggone ngelebi bumi patang puluh dina; banyune saya agung njalari praune kangkat mumbul saka ing bumi.

18. Banyune saya wuwuh lan saya agung ngedab-edabi ngungkuli bumi, satemah praune kumambang ana ing lumahing banyu.

19. Wasana undhake banyune luwih dening banget mratani salumahing bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur ing sangisore langit.

20. Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

21. lan sarupane titah kang mobah-mosik ana ing bumi padha mati kabeh: bangsaning manuk, kewan ingon-ingon, buron alas, sarupane kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang kumroyok ana ing bumi, dalah sakehe manungsa padha mati.

22. Sadhengah kang mawa ambekaning nyawa urip ing bolonganing irunge, sapira kang ana ing dharatan, iku pada mati kabeh.

23. Mangkono kadadeane sarupaning tumitah kang ana ing lumahing bumi, padha katumpes dening Gusti Allah, wiwit saka manungsa tekan kewan rumangkang nlosor lan gumremet sarta manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung Rama Nuh piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ana ing prau.

24. Anadene banyune anggone tetep ngungkuli bumi lawase nganti satus seket dina.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 7