Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 5:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.

21. Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh.

22. Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

23. Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun.

24. Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah.

25. Nalika Metusalakh umur satus wolung puluh pitu taun, duwe anak Lamekh.

26. Sawuse anak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjar umur pitung atus wolung puluh loro taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

27. Dadi gunggunge umure Metusalakh sangang atus sawidak sanga taun, banjur ngajal.

28. Nalika Lamekh umur satus wolung puluh loro taun, duwe anak lanang,

29. iku dijenengake Nuh, celathune: “Bocah iki bakal aweh panglipur marang kita ing sajroning pagawean kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipate Sang Yehuwah iki.”

30. Sawuse anak-anak Nuh, Lamekh isih diganjar umur limang atus sangang puluh lima taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

31. Dadi gunggunge umure Lamekh pitung atus pitung puluh pitu taun, banjur ngajal.

32. Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe anak Sem, Kham lan Yafet.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 5