Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 48:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Bareng Sang Yusuf mirsa yen kang rama anggone numpangake astane tengen ana ing sirahe Efraim, iku kawawas kurang prayoga, mulane nyepeng astane kang ramane, arep dielih saka sirahe Efraim menyang sirahe Manasye.

18. Ature Sang Yusuf marang kang ramane: “Sampun makaten, rama, awitdene punika ingkang pembajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi katumpangna ing sirahipun.”

19. Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh engger! Iya wus weruh aku; iku iya bakal dadi bangsa lan gedhe pangwasane, ewasamono adhine bakal ngungkuli kakangne, lan turune adhine bakal dadi golonganing bangsa kang gedhe.”

20. Bocah loro mau tumuli diberkahi ing dina iku, pangandikane: “Kalawan nyebut jenengmu Israel anggone bakal padha andum berkah, tembunge: Gusti Allah muga ndadekna kowe kaya Efraim lan Manasye.” Mangkono dadine Efraim diprenahake ing ngarepe Manasye.

21. Sawuse mangkono Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Lah ora suwe maneh aku bakal mati, nanaging Gusti Allah bakal nunggil karo kowe lan kowe bakal padha diulihake menyang tanahe leluhurmu.

22. Lan kowe dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegere gunung kang dakrebut saka ing tangane wong Amori sarana pedhang lan panahku.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 48