Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 46:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Rama Israel banjur budhal dalah sakagungane kabeh, bareng tindake rawuh ing Bersyeba tumuli nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Allahe kang rama Iskak.

2. Gusti Allah ngandika marang Rama Israel sajroning wahyu ing wayah bengi, dhawuhe: “Yakub, Yakub!” Unjuke: “Kawula nuwun, kula.”

3. Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe.

4. Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali maneh, karodene tangane Yusuf kang bakal ngeremake mripatira.”

5. Rama Yakub tumuli tindak saka ing Bersyeba, dene para putrane Rama Israel kang mboyong Rama Yakub ramane, dalah anak-somahe dhewe-dhewe padha nunggang kreta kintunane Sang Prabu Pringon kang dianggo mapag.

6. Karodene iya padha nggawa raja-kayane lan barang darbeke, oleh-olehane ana ing tanah Kanaan. Banjur kabeh wus padha tekan ing tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan satedhake kabeh, padha bebarengan karo panjenengane.

7. Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.

8. Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing Tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan para tedhake: Pembajenge Rama Yakub iku Ruben.

9. Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi.

10. Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin, Ohad, Yakhin lan Zohar, sarta Saul anake wong wadon Kanaan.

11. Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.

12. Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul.

13. Anak-anake Isakhar: Tola, Pua, Ayub lan Simron.

14. Anak-anake Zebulon yaiku: Sered, Elon lan Yahleel.

15. Iku mau para turune Ibu Lea patutan saka Rama Yakub ana ing Padan-Aram, samono uga Dina putrane putri. Dadi putra wayahe lanang wadon iku gunggunge kabeh telung puluh telu.

16. Anak-anake Gad yaiku: Zifyon, Khagi, Syuni, Ezbon, Eri, Arodi lan Areli.

17. Anak-anake Asyer yaiku: Yimna, Yiswa, Yiswi lan Beria, lan sadulure wadon jenenge: Serah. Anak-anake Beria yaiku: Heber lan Malkiel.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 46