Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 45:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono sang Yusuf wus ora kuwat nahan panggalihe maneh ana ing ngarepe kang padha sowan, banjur ngandika seru: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene!” Dadi ing ngarsane Sang Yusuf wus ora ana wong siji-sijia, nalika panjenengane mblakakake sarira marang para sadhereke.

2. Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur muwun seru banget, nganti keprungu wong Mesir, malah iya nganti keprungu para santanane Sang Prabu Pringon.

3. Pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhereke padha ora bisa ngaturake wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsane.

4. Sang Yusuf tumuli ngandika maneh marang para sadhereke: “Padha majua ta, nyedhaka mrene!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani maneh: “Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir.

5. Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip.

6. Sabab nagara kene iki anggone katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakale isih limang taun engkas ora naa wong mluku utawa panen.

7. Mulane Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowe, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowe kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagean gedhe bisa kapitulungan.

8. Dadine dudu kowe kang akon aku mrene, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengane kang mrenahake aku dadi ramane Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabeh apadene nguwasani tanah Mesir kabeh.

9. Dienggal padha balia menyang ngarsane rama, lan matura mangkene: “Piwelingipun ingkang putra Yusuf makaten: Gusti Allah sampun ngangkat kula dados ingkang nguwaosi satanah Mesir sadaya, sumangga kula aturi rawuh dhateng panggenan kula, sampun ngentosi punapa-punapa.

10. Rama kula aturi dedalem wonten ing tanah Gosyen celak kaliyan kula, inggih rama dalah putra wayah, menda-menda lan lembu tuwin sadaya kagunganipun rama.

11. Dene kula ingkang badhe nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa dene sadaya tiyang ingkang ndherek rama.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 45