Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 43:14-28 Kitab Sutji (JAV)

14. Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”

15. Para putra banjur nglumpukake atur-atur lan nggawa dhuwit tikel loro, Benyamin diajak; sawuse tata-tata nuli padha mangkat menyang Mesir, wasana padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf.

16. Bareng Sang Yusuf mirsa Benyamin ana ing satengahe para sadhereke, tumuli dhawuh marang kang nguwasani daleme: “Wong-wong iku padha iriden mlebu menyang ing dalem, nyembeleha kewan, endang cecawisa, awit wong-wong iku mengko awan bakal padha mangan bareng karo aku.”

17. Abdi mau banjur nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Sang Yusuf, sarta para sadhereke mau padha diirid lumebu menyang ing daleme.

18. Ing kono kabeh padha rumangsa wedi, awitdene padha diirid lumebu menyang ing daleme Sang Yusuf, anggone rerasanan mangkene: “Anggonku padha digawa lumebu mrene iki, marga saka dhuwit kang bali ana ing bagorku dhek biyen kae, karsane aku arep dicekel didadekake batur tukon lan kuldiku dipundhut.”

19. Mulane padha nyedhaki kang nguwasani daleme Sang Yusuf, lan matur ana ngarep lawang dalem, ature:

20. “Kula nuwun bendara, kala rumiyin kula sampun sami mriki nempur bahan tedha,

21. sareng kula wangsul dumugi ing pondhokan sami mbikaki bagor, lah artanipun tiyang satunggal-satunggalipun pinanggih wonten ing bagoripun tumumpang wonten nginggil saha boten kalong; dene sapunika arta wau kula bekta mriki malih.

22. Kaliyan malih kula inggih sami mbekta arta sanesipun kadamel nempur; kula sami boten mangretos sinten ingkang nglebetaken arta kula wonten ing bagor wau.”

23. Wangsulane abdi mau: “Kula aturi nyakecakaken kemawon, sampun ajrih! Gusti Allah panjenengan saha Gusti Allahipun ingkang rama ingkang ngangsalaken bandha ingkang kapendhem ing bagor panjenengan; arta panjenengan sampun kula tampeni.” Sawuse mangkono Simeon banjur diwetokake sarta digawa mrono ketemu karo para sadulure.

24. Bareng wus diirid mlebu menyang ing daleme Sang Yusuf, tumuli diwenehi banyu, supaya padha wisuh sikil; karodene kuldine iya padha dipakani.

25. Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.

26. Sakondure Sang Yusuf, banjur disaosi atur-atur gawane, kagawa lumebu menyang ing dalem, lan padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.

27. Banjur padha didangu bab kaslametane sarta pangandikane: “Bapakmu kang wus tuwa kang kokcaritakake biyen iku apa slamet? Apa isih urip?”

28. Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 43