Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 4:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. nanging Kain lan kurbane ora ndadekake pirenane. Jalaran saka iku atine Kain panas banget lan peteng ulate.

6. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?

7. Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake.”

8. Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.

9. Sang Yehuwah banjur ndangu marang Kain: “Abel adhinira ana ngendi?” Unjuke kang kadangu: “Kawula boten sumerep, punapa kawula pamomongipun adhi kawula?”

10. Pangandikane Sang Yehuwah: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getihe adhinira Abel sesambat marang Ingsun saka bumi.

11. Ing samengko sira kena ing ipat-ipat kabuwang adoh saka ing bumi kang wus ngangapake cangkeme nadhahi getihe adhinira Abel saka tanganira.

12. Samangsa sira ngolah bumi, pametune ora bakal samesthine, sira bakal kaya wong keplayu lan nglembara ana ing bumi.”

13. Kain tumuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Paukuman kawula punika ageng sanget ngantos kawratan kawula sanggi.

14. Lah kawula samangke Paduka tundhung saking ngriki, saha kawula badhe kaling-kalingan wonten ing paningal Paduka, kawula badhe dados tiyang ingkang keplajeng saha nglembara wonten ing bumi; kawula lajeng badhe dipun pejahi dening sintena kemawon ingkang kapanggih kaliyan kawula.”

15. Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Babar pisan ora! Sapa kang mateni Kain, bakal kawales tikel pitu.” Kain tumuli diparingi tenger dening Sang Yehuwah supaya aja nganti dipateni dening sapa bae kang mrangguli.

16. Kain banjur lunga saka ing ngarsane Sang Yehuwah, lan manggon ana ing tanah Nod, sawetane tanah Eden.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 4