Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 4:18-26 Kitab Sutji (JAV)

18. Henokh nurunake Irad, Irad nurunake Mekhuyael, Mekhuyael nurunake Metusael. Metusael nurunake Lamekh.

19. Anadene Lamekh mau bojone loro, kang siji jenenge Ada, sijine Zila.

20. Ada nglairake Yabal, iku dadi lelurine wong kang padha manggon ing tarub lan ngingu raja-kaya.

21. Dene adhine jenenge Yubal, iku dadi lelurine para panyiter lan panyuling.

22. Zila uga nglairake anak yaiku Tubal-Kain, lelurine para tukang tembaga lan pandhe wesi, dene adhine Tubal-Kain mau wadon, jenenge: Naama.

23. Lamekh mau tutur marang somahe sakarone: “Ada karo Zila, rungokna swaraku, he somahe Lamekh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpateni, mangkono uga jejaka kang gawe mlicetku.

24. Sabab yen ta Kain kudu diwalesake tikel pitu, Lamekh kudu diwalesake tikel pitung puluh pitu.”

25. Anadene Bapa Adam wus sapaturon karo bojone maneh, iku banjur nglairake anak lanang kang dijenengake Set, sabab pangucape: “Gusti Allah wus maringi anak lanang liyane minangka sasulihe Abel, marga iku wus dipateni Kain.”

26. Set uga duwe anak lanang, dijenengake Enos. Wiwit nalika samana wong padha wiwit memuja nyebut asmane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 4