Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 4:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita manungsa iku banjur sapaturon kalawan Kawa bojone, iku banjur ngandheg sarta anak-anak Kain, pangucape Kawa: “Aku wus oleh wong lanang marga saka pitulungane Gusti Allah.”

2. Sawuse iku nuli nglairake Abel, adhine Kain; Abel mau dadi pangon wedhus lan Kain dadi wong tani.

3. Kacarita sawuse kelakon sawatara mangsa Kain ngaturake kurban marang Sang Yehuwah awujud pametune bumi,

4. dene Abel iya ngaturake kurban awujud cempe pembarep sagajihe. Anadene Sang Yehuwah karenan marang Abel lan kurbane,

5. nanging Kain lan kurbane ora ndadekake pirenane. Jalaran saka iku atine Kain panas banget lan peteng ulate.

6. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?

7. Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake.”

8. Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.

9. Sang Yehuwah banjur ndangu marang Kain: “Abel adhinira ana ngendi?” Unjuke kang kadangu: “Kawula boten sumerep, punapa kawula pamomongipun adhi kawula?”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 4