Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 38:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging sarehne Onan ngreti yen turun mau ora bakal dadi duweke dhewe, mulane saben kumpul karo somahe kakangne, wijine diruntuhake ing bumi, supaya aja nganti nuwuhake turun kanggo kakangne.

10. Pratingkah mangkono mau ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane Onan uga dipateni.

11. Yehuda banjur tutur marang Tamar mantune: “Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahe bapakmu bae, nganti anakku Syela wus gedhe,” marga osike atine mangkene: “Aja nganti mati kaya kakangne karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahe bapakne.

12. Sawuse antara lawas somahe Yehuda anake Syua ngajal. Bareng Yehuda wus lipur, banjur lunga menyang Timna nunggoni wong-wong kang padha mbathili wedhuse, bebarengan karo Hira mitrane wong Adulam.

13. Tamar nuli diwartani mangkene: “Bapakmu maratuwa lagi lunga menyang Timna perlu mbathili wedhus.”

14. Tamar banjur ngrucat penganggone wulanjar, sarta kudhungan nganti brukut, banjur mapan linggih ing gapura Enaim ing dalan kang anjog ing Timna, mulane mangkono awit weruh yen Syela wus gedhe, mangka ora diomah-omahake dadi sisihane Syela.

15. Yehuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsane wanita tuna-susila, marga ing raine dikudhungi.

16. Lakune banjur marani wong wadon kang ana ing pinggir dalan mau karo celathu: “Ayo, kowe arep dakjak turu!” Awit ora ngreti yen wong wadon iku mantune dhewe. Ature Tamar: “Kula badhe panjenengan paringi punapa, manawi kula panjenengan dhawuhi ndherek sare?”

17. Wangsulane: “Kowe bakal dakkirimi cempe siji.” Ature Tamar: “Nanging kula panjenengan paringi cepengan, saderengipun panjenengan ngintunaken ingkang panjenengan janjekaken punika.”

18. Pitakone Yehuda: “Cekelan apa kang kudu dakwenehake kowe?” Ature Tamar: “Sesupe cap panjenengan tuwin kalung punapa dene teken ingkang panjenengan asta punika.” Iku iya tumuli diwenehake, banjur diwori turu, temah ngandhut marga saka Yehuda.

19. Sawuse mangkono Tamar banjur ngadeg sarta lunga, ngrucat kudhunge lan menganggo sandhangan wulanjar maneh.

20. Yehuda tumuli ngirimake cempene lumantar mitrane wong Adulam, kagawe nebus barang cekelan saka tangane wong wadon mau, nanging ora ketemu.

21. Banjur takon marang wong ing sacedhake kono: “Tiyang estri tuna-susila ingkang sabenipun linggih wonten pinggir margi dhateng Enaim ngriki punika, sapunika wonten pundi?” Wangsulane kang ditakoni: “Ngriki boten wonten tiyang estri tuna-susila!”

22. Wonge banjur bali nemoni Yehuda, pangucape: “Wonge wadon tuna-susila ora ketemu, malah pangucape wong-wong ing sacedhake kono: Ngriki boten wonten wanita tuna susila!”

23. Yehuda banjur celathu: “Iya wis kareben barange cekelan diepek, anggere ora gawe wirangku kabeh bae! Cempe iki nyatane wus dakkirimake, nanging kowe ora bisa ketemu karo wonge wadon iku.”

24. Kacarita watara telung sasi Yehuda dikabari: “Tamar, putra mantu panjenengan lampah bedhang, malah sampun ngandheg anggenipun bebedhangan punika.” Yehuda banjur ngucap: “Wonge gawanen metu, supaya diobong!”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 38