Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 38:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita nalika samana Yehuda lunga ninggal para sadulure lan mondhok ing omahe wong Adulam, jenenge Hira.

2. Ana ing kono Yehuda weruh anake wadon wong Kanaan jenenge Syua, iku nuli diepek somah lan banjur kumpul.

3. Wong wadon mau temah ngandhut sarta nglairake anak lanang kang dijenengake Er.

4. Sawuse mangkono somahe mau banjur nglairake anak lanang maneh dijenengake Onan.

5. Tumuli nglairake anak lanang sapisan engkas, anake mau dijenengake Syela. Anggone nglairake mau nalika Yehuda pinuju ana ing Khezib.

6. Sawuse iku Yehuda nggolekake jodho Er anake pembarep, jenenge Tamar.

7. Nanging Er pembarepe Yehuda iku ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane dipateni dening Sang Yehuwah.

8. Yehudah banjur tutur marang Onan: “Kowe kumpula karo tilas somahe kakangmu, iku epeken bojo, kowe dadia gegentine kakangmu, supaya kowe menehana turun marang kakangmu.”

9. Nanging sarehne Onan ngreti yen turun mau ora bakal dadi duweke dhewe, mulane saben kumpul karo somahe kakangne, wijine diruntuhake ing bumi, supaya aja nganti nuwuhake turun kanggo kakangne.

10. Pratingkah mangkono mau ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane Onan uga dipateni.

11. Yehuda banjur tutur marang Tamar mantune: “Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahe bapakmu bae, nganti anakku Syela wus gedhe,” marga osike atine mangkene: “Aja nganti mati kaya kakangne karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahe bapakne.

12. Sawuse antara lawas somahe Yehuda anake Syua ngajal. Bareng Yehuda wus lipur, banjur lunga menyang Timna nunggoni wong-wong kang padha mbathili wedhuse, bebarengan karo Hira mitrane wong Adulam.

13. Tamar nuli diwartani mangkene: “Bapakmu maratuwa lagi lunga menyang Timna perlu mbathili wedhus.”

14. Tamar banjur ngrucat penganggone wulanjar, sarta kudhungan nganti brukut, banjur mapan linggih ing gapura Enaim ing dalan kang anjog ing Timna, mulane mangkono awit weruh yen Syela wus gedhe, mangka ora diomah-omahake dadi sisihane Syela.

15. Yehuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsane wanita tuna-susila, marga ing raine dikudhungi.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 38