Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 37:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Rama Yakub iku pamanggene ana ing tanah tilas pamanggone kang rama neneka, iya iku ing tanah Kanaan.

2. Iki critane tedhak-turune Rama Yakub. Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure.

3. Rama Israel anggone ngasihi Yusuf ngluwihi para sadulure liyane kabeh, marga Yusuf iku laire nalika Rama Yakub wus sepuh; sarta Yusuf digawekake jubah kang becik banget.

4. Bareng sadulure padha ngreti yen kang rama anggone ngasihi Yusuf kinacek karo liyane, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumeh.

5. Ing sawijining dina Yusuf ngimpi, impene mau banjur dicaritakake marang para sadulure, temah sadulure saya mundhak maneh sengite.

6. Marga celathune marang para sadulure: “Coba rungokna impen kang dakimpekake iki:

7. Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.”

8. Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 37