Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 36:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.

8. Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.

9. Iki turune Esap, leluhure bangsa Edom ana ing pegunungan Seir.

10. Iki jenenge para anake Esap: Elifas, anake Ada, somahe Esap, Rehuel anake Basmat somahe Esap.

11. Anake Elifas yaiku: Teman, Omar, Zefo, Gaetam lan Kenas.

12. Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.

13. Para anake Rehuel yaiku: Nahat, Zerakh, Syama lan Miza. Iku para putune Basmat somahe Esap.

14. Iki para anake Oholibama, somahe Esap, anake Ana anake Zibeon; iku nglairake anak patutan karo Esap, yaiku: Yeusy, Yaelam lan Korakh.

15. Iki pratelane para panggedhening taler-taler turune Esap: Elifas anake pembarep Esap nurunake panggedhening golongan Teman, golongan Omar, golongan Zefo lan golongan Kenas,

16. Panggedhening golongan Korakh, golongan Gaetam lan golongan Amalek: iku para panggedhening golongan Elifas ing tanah Edom, iku turune Ada.

17. Dene para turune Rehuel anake Esap yaiku: panggedhening golongan Nahat, panggedhening golongan Zerakh, panggedhening golongan Syama lan panggedhening golongan Miza. Iku para panggedhening golongan anake Rehuel ana ing tanah Edom; iku mau padha turune Basmat somahe Esap.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 36