Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 36:31-42 Kitab Sutji (JAV)

31. Iki pratelane para raja kang ngasta paprentahan ing tanah Edom, sadurunge tanah Israel ana rajane.

32. Ing tanah Edom, kang ngratoni Sang Prabu Bela bin Beor, dene kuthane aran Dinhaba.

33. Sawuse Sang Prabu Bela seda, kang nggentosi Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra.

34. Sasedane Sang Prabu Yobab, kang nggentosi jumeneng raja Sang Husyam saka nagarane bangsa Teman.

35. Sasedane Sang Prabu Husyam, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadad bin Bedad, kang nggecak bala Midian ana ing jajahane Moab, dene kuthane aran Awit.

36. Sasedane Sang Prabu Hadad, kang nggentosi jumeneng raja Sang Samla saka Masreka.

37. Sasedane Sang Prabu Samla, kang nggentosi jumeneng raja Sang Saul saka Rehobot ing pinggir bengawan.

38. Sasedane Sang Prabu Saul, kang nggentosi jumeneng raja Sang Baal-Hanan bin Akhbor.

39. Sasedane Sang Prabu Baal-Hanan bin Akhbor, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadar, kuthane aran Pahu lan garwane asma Mehetabeel putrane Sang Matred putrane Sang Mezahab.

40. Iki jenenge para panggedhene bani Esap miturut golongan lan panggonane kalawan jenenge dhewe-dhewe; panggedhene golongan Timna, panggedhene golongan Alwa, panggedhene golongan Yetet,

41. panggedhene golongan Oholibama, panggedhene golongan Ela, panggedhene golongan Pinon,

42. panggedhene golongan Kenas, panggedhene golongan Teman, panggedhene golongan Mibzar,

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 36