Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 36:22-37 Kitab Sutji (JAV)

22. Anak-anake Lotan yaiku Hori lan Heman, sadulure Lotan kang wadon yaiku Timna.

23. Iki anak-anake Syobal: Alwan, Manahat, Ebal, Syefo lan Onam.

24. Anak-anake Zibeon: Aya lan Ana. Ana iku kang nemu tuk banyu anget ana ing pasamunan, nalika pinuju angon kuldine Zibeon bapakne.

25. Dene anake ana: Disyon lan Oholibama, anake wadon Ana.

26. Iki anak-anake Disyon: Hemdan, Esyban, Yitran lan Kheran.

27. Iki para anake Ezer: Bilhan, Zaawan lan Akan.

28. Iki para anake Disyan: Us lan Aran.

29. Iku para panggedhening golongane wong Hori: panggedhening golongan Lotan, golongan Syobal, golongan Zibeon, golongan Ana,

30. golongan Disyon, golongan Ezer lan golongan Disyan. Iku mau para panggedhening golongane wong Hori miturut golongane ing tanah Seir.

31. Iki pratelane para raja kang ngasta paprentahan ing tanah Edom, sadurunge tanah Israel ana rajane.

32. Ing tanah Edom, kang ngratoni Sang Prabu Bela bin Beor, dene kuthane aran Dinhaba.

33. Sawuse Sang Prabu Bela seda, kang nggentosi Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra.

34. Sasedane Sang Prabu Yobab, kang nggentosi jumeneng raja Sang Husyam saka nagarane bangsa Teman.

35. Sasedane Sang Prabu Husyam, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadad bin Bedad, kang nggecak bala Midian ana ing jajahane Moab, dene kuthane aran Awit.

36. Sasedane Sang Prabu Hadad, kang nggentosi jumeneng raja Sang Samla saka Masreka.

37. Sasedane Sang Prabu Samla, kang nggentosi jumeneng raja Sang Saul saka Rehobot ing pinggir bengawan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 36