Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 31:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Lea lan Rakhel banjur padha mangsuli, ature: “Kula punapa taksih sami gadhah panduman utawi warisan wonten ing griyanipun bapak kula?

15. Kula rak sampun sami dipun anggep tiyang sanes, margi sampun sami kasade, saha arta pepajenganipun inggih dipun telasaken piyambak.

16. Nanging sadaya kasugihan ingkang dipun pundhut dening Gusti Allah saking bapa kula, punika rak gadhahan kula lan gadhahanipun anak-anak kula. Mila sumangga sampeyan lampahi punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng sampeyan!”

17. Yakub banjur tata-tata, anak-anake lan somahe padha ditunggangake unta.

18. Karodene sakehing raja-kayane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing Padan-Aram kono digawa kabeh, sedyane menyang daleme Iskak kang rama ing tanah Kanaan.

19. Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhuse, Rakhel banjur nyolong terafim duweke bapakne.

20. Yakub ngakali Laban wong Aram, anggone lunga tanpa pamit.

21. Mangkono anggone lunga angles karo nggawani sabarang darbeke kabeh, nyabrang bengawan Efrat lakune ngener pagunungan Gilead.

22. Bareng telung dinane Pak Laban lagi dikabari, yen Yakub wus lunga angles.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 31