Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 3:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”

2. Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan,

3. nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”

4. Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah,

5. nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”

6. Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.

7. Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.

8. Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan.

9. Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”

10. Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”

11. Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”

12. Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”

13. Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”

14. Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.

15. Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 3