Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 26:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Bareng wus antara lawas anggone dedalem ana ing kono, kacarita Sang Prabu Abimelekh rajane wong Filisti pinuju ngungak ing cendhela, mirsa Rama Iskak lagi ngungrum kang garwa Ribkah.

9. Sang Prabu Abimelekh tumuli nimbali Rama Iskak lan ngandika: “Lah sampun tamtu punika ingkang garwa, kadospundi dene panjenengan ndadak ngandika: Punika sadherek kula?” Ature Rama Iskak marang Sang Raja: “Margi osiking manah kula: Sampun ngantos kula dipun pejahi margi saking piyambakipun.”

10. Nanging Sang Prabu Abimelekh ngandika: “Punapa ta ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula sadaya punika? Gampil sanget kalampahan wonten tiyang bangsa ngriki ingkang ngantos nilemi ingkang garwa, rak margi saking makaten panjenengan lajeng ndhatengaken kalepatan dhateng kula sadaya?”

11. Sang Prabu Abimelekh banjur ngundhangake dhawuh marang sabangsa kabeh: “Sapa wong kang wanuh-wani ngaru-biru marang priyayi iki utawa marang garwane, mesthi diukum pati!”

12. Anadene Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, oleh-olehane ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi dening Sang Yehuwah,

13. temah panjenengane dadi sugih lan saya suwe saya mundhak kasugihane, nganti dadi sugih banget,

14. kagungan pepanthan wedhus lan pepanthan sapi, brayate akeh, nganti wong-wong Filisti padha meri.

15. Sakehe sumur ing jamane Rama Abraham, kang rama, kang didhudhuk dening para abdine kang rama, iku padha ditableg lan diurugi lemah.

16. Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Iskak: “Panjenengan kula aturi tindak saking ngriki, margi pangwaos panjenengan ngungkuli pangwaos kula sanget.”

17. Rama Iskak tumuli tindak saka kono banjur ngadegake tarube ana ing lebake Gerar, sarta dedalem ana ing kono.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 26