Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 26:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.

2. Sang Yehuwah banjur ngatingal marang Rama Iskak sarta ngandika: “Sira aja lunga menyang Mesir, manggona ana ing tanah kang bakal Sundhawuhake marang sira.

3. Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.

4. Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.

5. Mulane mangkono awit Abraham wus ngestokake dhawuhingSun lan netepi kang dadi kawajibane marang Ingsun, yaiku kabeh pepakon, pranatan lan angger-anggeringSun.”

6. Dadine Rama Iskak tetep anggone dedalem ana ing Gerar.

7. Nalika wong-wong ing kono padha takon bab garwane, Rama Iskak ngandika: “Punika sadherek kula,” awit ajrih ngandika: “Punika semah kula,” marga osiking panggalihe: “Bisa uga aku dipateni dening wong-wong ing kene jalaran saka Ribkah, awit Ribkah iku warnane endah.”

8. Bareng wus antara lawas anggone dedalem ana ing kono, kacarita Sang Prabu Abimelekh rajane wong Filisti pinuju ngungak ing cendhela, mirsa Rama Iskak lagi ngungrum kang garwa Ribkah.

9. Sang Prabu Abimelekh tumuli nimbali Rama Iskak lan ngandika: “Lah sampun tamtu punika ingkang garwa, kadospundi dene panjenengan ndadak ngandika: Punika sadherek kula?” Ature Rama Iskak marang Sang Raja: “Margi osiking manah kula: Sampun ngantos kula dipun pejahi margi saking piyambakipun.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 26