Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 22:10-24 Kitab Sutji (JAV)

10. Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.

11. Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!”

12. Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”

13. Nalika Rama Abraham noleh, tumuli mirsa ing wingkinge ana wedhus gembel lanang kang sungune kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosake kagawe kurban obaran ijole kang putra.

14. Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”

15. Sang Malaekate Yehuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhone,

16. pangandikane: “Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahake anakira ontang-anting marang Ingsun,

17. mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.

18. Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.

19. Rama Abraham nuli tindak mbaleni abdine, tumuli padha budhal bebarengan menyang ing Bersyeba, lan Rama Abraham banjur dedalem ana ing Bersyeba.

20. Kacarita sawuse lelakon iku mau, Rama Abraham nampeni pawarta mangkene: “Kauningana Milka sampun gadhah anak jaler patutan kaliyan sadherek panjenengan Nahor.

21. Ingkang pambajeng Us, adhinipun Bus, lajeng Kemuel, bapakipun Aram,

22. ugi Khesed, Hazo, Pildasy, Yidlaf lan Betuel.”

23. Betuel anak-anak Ribkah. Wolu iku kabeh anake Milka patutan karo Nahor.

24. Dene selire kang jenenge Reuma uga duwe anak, yaiku Tebah, Gaham, Tahasy lan Maakha.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 22