Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 21:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Putrane kang mentas miyos, kang miyos saka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak dening Rama Abraham,

4. sarta Rama Abraham banjur nyupiti kang putra Iskak, nalika yuswa wolung dina, ngetrepi dhawuhe Gusti Allah marang panjenengane.

5. Rama Abraham yuswa satus taun nalika kang putra Iskak mau miyos.

6. Ibu Sara banjur ngandika: “Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.”

7. Sarta maneh pangandikane: “Dhek biyen sapa kang bisa ngandhani marang Rama Abraham: Sara nusoni anak? Ewadene aku wus nglairake anak lanang, nalika panjenengane wus sepuh.”

8. Kacarita putra mau saya mundhak gedhe, banjur disapih. Rama Abraham nganakake pista gedhen nalika dina panyapihe Iskak mau.

9. Nalika iku Ibu Sara mirsa putrane Ibu Hagar wong Mesir patutan karo Rama Abraham moyoki marang Iskak,

10. banjur matur marang Rama Abraham: “Rencang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipun rencang tumbasan punika boten badhe tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.”

11. Atur mangkono iku ndadekake renguning galihe Rama Abraham, marga saka kang putra.

12. Nanging pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham: “Aja nganti dadi rengune atinira marga saka bocahe lan baturira; apa sapanjaluke Sara marang sira iku turutana, awitdene trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.

13. Ewasamono anake baturira iku iya bakal Sudadekake bangsa gedhe, marga iku iya wijinira.”

14. Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingake marang Ibu Hagar katumpangake ing pundhake, mangkono uga si bocah, sawuse banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakune kesasar ana ing pasamunan Bersyeba.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 21