Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 17:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Rama Abram tumuli sumungkem ing bumi, sarta dipangandikani dening Gusti Allah mangkene:

4. “Tumrap Ingsun yaiki prasetyaningSun karo sira, yen sira bakal dadi leluhure bangsa akeh.

5. Jenengira sabanjure aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Suntamtokake dadi leluhure golonganing bangsa.

6. Ingsun bakal ndadekake sira tangkar-tumangkar nganti akeh banget, temah sira bakal dadi bangsa pirang-pirang, lan sira bakal nurunake para raja;

7. karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.

8. Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”

9. Karodene pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham maneh: “Dene sira, sira netepana prasetyaningSun, iya sira dalah turun-turunira.

10. Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.

11. Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.

12. Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.

13. Dadia kang lair ing omahira, dadia kang katuku sarana dhuwitira, kabeh iku poma padha sira tetakana, satemah prasetyaningSun iku ana ing dagingira dadi prasetyan kang langgeng.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 17