Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 11:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”

8. Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.

9. Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.

10. Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.

11. Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

12. Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.

13. Sawuse anak-anak Selah, Arpakhsad mau isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

14. Selah nalika umur telung puluh taun, duwe anak Eber.

15. Sawuse anak-anak Eber, Selah isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

16. Eber nalika umur telung puluh papat taun, duwe anak Peleg.

17. Sawuse anak-anak Peleg, Eber mau diganjar umur maneh patang atus telung puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

18. Peleg nalika umur telung puluh taun, duwe anak Rehu.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 11