Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 11:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Sawuse anak-anak Peleg, Eber mau diganjar umur maneh patang atus telung puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

18. Peleg nalika umur telung puluh taun, duwe anak Rehu.

19. Sawuse anak-anak Rehu, Peleg isih diganjar umur maneh rong atus sanga taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

20. Rehu nalika umur telung puluh loro taun, duwe anak Serug.

21. Sawuse anak-anak Serug, Rehu mau isih diganjar umur maneh rong atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

22. Serug nalika umur telung puluh taun, duwe anak Nahor.

23. Sawuse anak-anak Nahor, Serug mau isih diganjar umur maneh rong atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

24. Nahor nalika umur sanga likur taun, duwe anak Terah.

25. Sawuse anak-anak Terah, Nahor mau isih diganjar umur maneh satus sangalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

26. Terah nalika umur pitung puluh taun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.

27. Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak Abram, Nahor lan Haran, sarta Haran anak-anak Lut.

28. Haran ngajal ndhisiki Terah bapakne, ana ing tanah kalairane, yaiku ing tanah Ur-Kasdim.

29. Abram lan Nahor padha omah-omah, somahe Abram jenenge Sarai lan somahe Nahor jenenge Milka, anake Haran, bapakne Milka lan Yiska.

30. Anadene Sarai mau gabug ora duwe anak.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 11